Minggu, 07 Desember 2008

Ndeloki Kepribadiane Uwong soko carane Ngentuuut...


1. Wong sing ORA JUJUR
  sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo.
2. Wong GOBLOG
  sing ngempet ngentut nganti jam2-an.
3. Wong JUJUR
  sing ngakoni nek awak'e bar ngentut
4. Wong sing SENGSORO
  sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut.
5. Wong sing MISTERIUS
  sing nek ngentut wong liyo ora ono sing ngerti.
6. Wong sing GUGUPAN
  sing ujug-2 nyetop entute nek pas lagi ngentut.
7 Wong sing PERCOYO DIRI (PD)
  sing nek ngentut dibanter2ke suarane .
8.Wong sing KEJEM/SADIS 
  sing nek ngentut terus diubal ubalno karo di kibasno nang koncone.
9.Wong sing ISINAN
  sing nek ngentut terus ke'isinan dhewe.

10 Wong sing GEMI
  sing nek ngentut metune diatur sethithik-2.
 11.Wong sing SOMBONG
  sing seneng ngambu entute dhewe.
 12. Wong sing RAMAH
  sing seneng ngambu entute wong liyo.
  13. Wong sing ORA RAMAH
 sing nek ngentut malah mendhelik lan ngamuk-2.
  14.Wong sing KE-KANAK-2-AN
 sing senenge ngentut nang njero banyu ben iso ngematno munine blekuthuk-2.
15. Wong sing KURANG KONTROL DIRI
  sing nek ngentut mesthi katutan ampase.
16. Wong PINTER
sing iso niteni ambune entut wong lione.
17. Wong SIAL
 sing dientuti terus karo wong lio.



(kopasbyket@w@.c0m)


Kok Kur Limangatus..pak


Iki ngono critone mbah arjo gudel sing duwe anak loro,karman karo supri…
Critane ngene…wektu kuwi jaman cilikane Karman karo supri.
Wayah mongso rendheng ...senengane yo podho playon, karo udan2 neng lapangan ngarep kelurahan
Dasare cah cilik,playon mrono mrene ora klamben karo ra kathokan..
Gandeng udane deres.tur wayahe wis rodo sore,bocah loro mau ngeyup neng teras kelurahan.
Mbarengi pak lurah Arep mulih ngantor,,meruhi cah2 kuwi , Pak lurah banjur Takon,”kowe anakke sopo Le..? “Putrane mbah Arjo gudel pak,”saurane karman. Sakwise ditakoni ngalor ngidul, lan udane wis terang 
Karman karo Supri dikon mulih.,karo disangoni nyepuluh ewunan.Kon nggo tuku klambi karo kathok…Saking bungahe cah loro banjur mlayu plecing ora pamit. Tekan ngomah Karman lan supri crito karo mbah Gudel yen bar entuk dhuwit …Bengine mbah arjo gudel ra isoh turu, kepikiran karo duwite pak lurah. “Karman karo supri wae cah cilik, diwenehi sepuluh ewu …yen aku ?,,,Wah..mesti entuk seket opo satus ewu…ngono bayangane mbah Arjo. Esuke..ndilalah yo Pas udan,,mbah Arjo cucul klambi karo kathok banjur playon udan2 neng lapangan ngarep kelurahan,,Karo ngenteni pak Lurah mulih, Mbah arjo ngeyup, nyekukruk neng pinggir lawang kelurahan,,Ora let suwe Pak lurah mulih…Meruhi yen ono mbah Arjo ra klamben karo ra kathokan neng Kono Pak Lurah Kaget..banjur mesem…Terus ngrogoh kantong..njupuk duwit koin ,,diulungake karo ngomong,“Iki mbah duwit,nggo tuku silet,”sok dicukur mbah,,ben ora diwut2, mundak medeni bocah”…karo ngguyu Pak lurah Lungo Plencing….Mbah ranto nampani dhuwit Limangatus rupiah,karo nggremeng lan mecucu koyo maling kuyuhan…

(originBy k0c@k)