Minggu, 07 Desember 2008

Kok Kur Limangatus..pak


Iki ngono critone mbah arjo gudel sing duwe anak loro,karman karo supri…
Critane ngene…wektu kuwi jaman cilikane Karman karo supri.
Wayah mongso rendheng ...senengane yo podho playon, karo udan2 neng lapangan ngarep kelurahan
Dasare cah cilik,playon mrono mrene ora klamben karo ra kathokan..
Gandeng udane deres.tur wayahe wis rodo sore,bocah loro mau ngeyup neng teras kelurahan.
Mbarengi pak lurah Arep mulih ngantor,,meruhi cah2 kuwi , Pak lurah banjur Takon,”kowe anakke sopo Le..? “Putrane mbah Arjo gudel pak,”saurane karman. Sakwise ditakoni ngalor ngidul, lan udane wis terang 
Karman karo Supri dikon mulih.,karo disangoni nyepuluh ewunan.Kon nggo tuku klambi karo kathok…Saking bungahe cah loro banjur mlayu plecing ora pamit. Tekan ngomah Karman lan supri crito karo mbah Gudel yen bar entuk dhuwit …Bengine mbah arjo gudel ra isoh turu, kepikiran karo duwite pak lurah. “Karman karo supri wae cah cilik, diwenehi sepuluh ewu …yen aku ?,,,Wah..mesti entuk seket opo satus ewu…ngono bayangane mbah Arjo. Esuke..ndilalah yo Pas udan,,mbah Arjo cucul klambi karo kathok banjur playon udan2 neng lapangan ngarep kelurahan,,Karo ngenteni pak Lurah mulih, Mbah arjo ngeyup, nyekukruk neng pinggir lawang kelurahan,,Ora let suwe Pak lurah mulih…Meruhi yen ono mbah Arjo ra klamben karo ra kathokan neng Kono Pak Lurah Kaget..banjur mesem…Terus ngrogoh kantong..njupuk duwit koin ,,diulungake karo ngomong,“Iki mbah duwit,nggo tuku silet,”sok dicukur mbah,,ben ora diwut2, mundak medeni bocah”…karo ngguyu Pak lurah Lungo Plencing….Mbah ranto nampani dhuwit Limangatus rupiah,karo nggremeng lan mecucu koyo maling kuyuhan…

(originBy k0c@k)



Tidak ada komentar: